Rizal nembak Rizqi

Kiye sedulur nyong arep crita bae lah ya..Kayong mandan suwe ora nulis blog. Mandan kangen karo rika pada. Rika ora kangen karo nyong mbok?? Pancen. Wis ngerti nyong. *metu sungune*

Dadi kaya kiye ceritane. Jaman semono ana Wong lanang jenenge Rizal. Rizal kuwe bocahe ngganteng, kulite putih (kaya sapi), awake enem pek (six pack maksude). Tapine mbuh kenangapa koh urung bae nduwe pacar. Jane tampang ya ora kurang, dhuit ya ora kurang, kurang apa njajal?? Kurang ajar.

Si Rizal kuwe naksir karo sing jenenge Rizqi (jane arep njenengi Malinda Dee tapi kayong wagu pisan #eh). Rizqi kuwe bocahe ayu, kulite mulus (kaya kecoro), rambute dawa (kaya buntut jaran), irunge mancung (kaya pinokio). Pokoke jos lah. Mulane si Rizal seneng pisan karo si Rizqi..

Critane kuwe si Rizqi lagi mlaku, nah si Rizal kepengin pedekate, kepengin ngerti nomer hapene si Rizqi karo jurus lawas :

Dina pertama : si Rizal ngomong "Mba..rika nduwe obeng ora??, si Rizqi njawab "Mboten mas.." si Rizal ngomong maning "Angger martil nduwe ora mba??" si Rizqi njawab "Mboten mas..." si Rizal ya takon maning "Angger paku nduwe ora mba??" *plak* pipine Rizal di tabok neng Rizqi karo ngomong "Ujarmu nyong toko matrial apa yah?? Ora sisan takon nduwe semen ora, nduwe kuas ora, nduwe keramik ora???". Oalah si Rizal niate arep takon nomer hape malah barang neng toko matrial di sebutna kabeh. Ya di keplak neng Rizqi.

Dina ke-loro si Rizal ora nyerah, tetep usaha njaluk nomer hapene Rizqi. Bareng si Rizqi liwat maning, Rizal takon meng Rizqi "Mba rika nduwe obeng ora??" *plak* "Ngapa kowe arep takon barang matrial maning!!!??? Nyong ora nduwe". Oalah Rizqi di tabok maning genah salah goli ngawali takon, ngerti wingi takon toko matrial, siki takon maning. Ya wis kepedhek.

Dina ketelu : Rizal mikir, pokoke aja takon awale karo Obeng. Mbok di tabok maning neng Rizqi. Pokoke aja takon Obeng.. Aja takon Obeng.. Aja Obeng (neng mbatine Rizal karo ngapalna mbok salah maning). Rizqi liwat di takoni maning "Mba rika nduwe paku,martil,semen,kuas,keramik ora??" *plak plak plak* Rizal di tabok maning langsung di tinggal lunga neng Rizqi.


Lah kaya kuwe pancen si Rizal, mulane nganti siki ya ora teyeng olih wadon. Wong takon nomer hape bae esih gagal. *nasib*
Previous
Next Post »


Dimohon untuk tidak membuat komentar yang berisi :
1. Kata-kata Kotor.
2. Sara atau Rasis.
3. Dan berkomentar Negatif lainya.

Komentar yang mengandung unsur diatas akan langsung saya hapus.
Terimakasih. ConversionConversion EmoticonEmoticon

Thanks for your comment