NGAPAK




Ngapak kue jane asale sekang kata"ngapa", tapi wong lia sing pada ora ngerti ya senenge nyebute "ngapak" soale angger nyong ngomong ngapa, ketone mburine ana huruf k, padahal janetah ora lho.. Lah karepe sing arep nyebut lah. Arep ngomong apa rika, sekarepmu bae.

Basa ngapak kue anane neng Jawa Tengah, kaya Banyumas, Cilacap, Purbalinga, Banjarnegara, Gombong, Kebumen, Brebes, Slawi, Tegal, Pekalongan, Wonosobo, ana sing urung di sebut apa yoh???


Awal mulane aku gawe blog kiye jane nggo ngetokna unek-unek, awale sih nduwe twitter @FahmmiRizalDhi, tapi ya genah bisane mung satuspatangpuluh huruf ya mandan angel nek arep nulis dawa.

Pas nyong nggawe akun kue jane aku gatel kepengin ngomong ngapak tapi ngganggo akun asliku ya mandan ora kepenak, sidane aku gawe akun FahmiRizalDhi, ketemu karo batire sebrayan bisa njeplak sekarepe dhewek. Rasane plong banget (jajal bayangna nek kebet ngentut terus di tokna) ya klaya kue lah rasane.

Alasan liane jane aku sebel banget maring wong sing nyepelkna basa ngapak. Pada ngguyu-nguyu ngece nek ana wong ngapak. Pada ngomong "Tidak ngapak ngapak" Maksude rika apa?? Nantang gelut apa??? *bagelwatu

Mulane sisan nggawe lah tek gawe akun FahmiRizalDhi, eh jebule siki nduwe kanca akeh pisan. Kayane juga pada seneng, pada kangen ngomong ngapak. Ya nek pancen pada seneng karo akune nyong ya alhamdulillah, itung-itung ngamal lah nggawe wong ngguyu. Sethithik asal Kemlethik.

Moga bae basane nyong pada ora bakal ilang kepangan jaman. Urip olih neng kota, Utek olih kaya Eropa, tapi atimu kudu tetep Jawa. Semoyane #Ngapakers



Previous
Next Post »

1 komentar:

Click here for komentar
May 21, 2013 at 7:00 AM ×

Keren gan

Congrats bro Fadli Mixblog you got PERTAMAX...! hehehehe...
Reply
avatar


Dimohon untuk tidak membuat komentar yang berisi :
1. Kata-kata Kotor.
2. Sara atau Rasis.
3. Dan berkomentar Negatif lainya.

Komentar yang mengandung unsur diatas akan langsung saya hapus.
Terimakasih. ConversionConversion EmoticonEmoticon

Thanks for your comment