Kamus NGAPAK


Kamus Rizal. Kiye anu istilah sing tek gawe dhewek. Anu istilah wong dablongan. Sekarepku dhewek pokoke. Kayane sih ora nana sing bener (jenenge bae GREGET).

Ana singkatan, ana arti basa Inggris, ana ana bae. #lho

Wis lah ora usah kakehan cangkem, kiye di waca neng ngisor.

#kamusGREGET :

Gemblungan : Sarapan ( asal kata sekang gemblung = sarap ). Mudeng ora?? Keplak sisan nek ora mudeng. #lho

Love is crazy : Pacaran karo wong gemblung (ana sing gelem??)

Love is blind : Pacaran karo tukang pijet ( blind : buta, picek. Wong picek : tukang pijet)

Long Distance Relationship : Pacaran karo Meteran.

Leave me alone : Lagi Ngising. ( Aja di ganggu )

HTS : Hubungan Tanpa Sempak (enak adem.. silir)

TTM : Temen Tapi Mbayar ( Wani pira??? )

PSSI : Persatuan Sepakbola Sekarepe Inyong ( mbuh kae pada kakehan karep, ora maju-maju dadine lah bal-balane Indonesia )

DPR : Dadi Pada Ruag. (Wonge pada mikiri awake dhewek tok, rakyate ora di urusi lah) (ora kabeh sih)

Idola : Ireng Dower Ala.

Artis : Arep Tilik pipiS. (tukang ngintip, malah ana bintang bokep *ups*)

Aktor : Anune Keton koTor ( kaya videone.. Ah wis lah..)

Miss Understanding : Bencong (miss : wadon, under : ngisore, standing : ngadeg --> wong wadon sing "ngisore" ngadeg)

In the KEN to the COT at the BAD on the DOG : KENCOT BADOG

Broken Heart : Ati di tugel-tugel ( Di cacag karo peso, arep gawe sambel ati ndean. Enak kayane )

Falling in Love : Tresna gelem nyemplung jurang *plung*

Cinta Terlarang : Tresna Paling Larang (regane larang pisan, anu semilyar trilyun ndean yah??)

Yunomisowell : Rika ngerti lah nyong kuwe ala. #lho (jujur banget)

Still loving you : Esih tresna karo kowe >> lanang (maho) *apanjajal*
Ngalkun : Kowe pada ngerti monine kalkun?? cl*k icl*k kicl*k.. Nah dadi Ngalkun kuwe?? ( ngerti dhewek )


Kuwe mau #kamusGREGET . Neng Gramedia ora bakal ana. Ananae mung neng kene. :)
Semene disit #kamusGREGET nek ana liane mengko tek tambaih maning.
Previous
Next Post »

1 komentar:

Click here for komentar
Unknown
admin
May 24, 2013 at 6:14 PM ×

wkwkwkwk ngakak

Congrats bro Unknown you got PERTAMAX...! hehehehe...
Reply
avatar


Dimohon untuk tidak membuat komentar yang berisi :
1. Kata-kata Kotor.
2. Sara atau Rasis.
3. Dan berkomentar Negatif lainya.

Komentar yang mengandung unsur diatas akan langsung saya hapus.
Terimakasih. ConversionConversion EmoticonEmoticon

Thanks for your comment